Senin, 04 April 2011

dedep tidep

Dedep tidem,
Prebawaning ratri,
Sasodoro wus manjer kawuryan,
Tan kuciwo memanise,
Manggep srinasteng dalu,
Siniwoko sangyo prodasih,
agelaring cokrowolo,
winulat angelangut,
Prandene pakso kebegan,
Saking kehing taranggono kang sumiwi.
Waroto tanpo selo....

Jumat, 01 April 2011

Titipane Anak Putu

Kito among acaos pepeling
Yo kalimput marang turun hiro
Kang hanyambung sejarahe
Kwajiban kang satuhu Ngupokoro mureh becik
Mamardi kautaman mamrih biso tulus
Rumekso titipaniro Anak putu pinudi murih lestari
Ayo podho nindakno

Gemah ripah loh jinawi kertoraharjo
Iku nuswantoro bumine kencono
Ugo wus kaloko kanthi dasar pancasila
Alase isene iku kabeh dadi titipane anak putu
Prayogo budi doyo slamete ojo dilaleke
Yo podo lestareke supoyo biso nganti run tumurun anak putu

NYIDAM SARI DANDANG GULO

Nyidam sari.... kekidung memanis
koyo kombang kang hamulat sekar
kepingin ngisep madune
mbrengengeng sworo arum
yayah manten lagio karonsih
deniro mamet prono marang kusumoyu
sadalu tan biso .... nendro ...
renggang gulo….kinepyur pulut sayekti
nyidamsarining tresno.